Lirik Silvy Kumalasari – Jejantunging Kalbu

Parasmu tansah hang lam-lami ati
Sinawung wulane ndadari
Lirihing pangucapmu
Ken tansah ngreridu
Eling esemmu wong bagus

Sira mung dadya puspita aneng nendra
Ngambara ambidhung nala
Angenku among tansah sumandhing klawan sira
Parandene limbangana

Nyendhero pundhakku tak elus rikmamu
Aja mung sujana dhuh wong bagus
Ngalema mring aku tak sawang esemmu
Yha mung sira jejantunging kalbu

Sumebyare lintang rinengga imbange tawang
Yha mung sira dhuh kangmas kangsung sayang
Sira prasetyaku uga ngrenggani tresnaku
Kene tak kudang wong bagus

Nyendhero pundhakku tak elus rikmamu
Aja mung sujana dhuh wong bagus
Ngalema mring aku tak sawang esemmu
Yha mung sira jejantunging kalbu

Nyendhero pundhakku tak elus rikmamu
Aja mung sujana dhuh wong bagus
Ngalema mring aku tak sawang esemmu
Yha mung sira jejantunging kalbu
Yha mung sira jejantunging kalbu

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top