Parasmu Tansah hanglamlami ati
Sinawung wulan e ndadari
Ririhing pangucapmu kang tansah ngreridhu
Eling esemmu wong ayu
Sira mung dadya puspita aneng nendra
Ngambara ambidhung nala
Angenku amung tansah sumandhing klawan sira
Parandene timbangana
Nyendhera pundhakku tak elus rikmamu
Aja mung sujana dhuh wong ayu
Ngalem a mring aku tak sawang esemmu
Ya mung sira jejantunging kalbu
Sumebyar e lintang rinengga imbang e tawang
Ya mung sira dhuh nimas kangsun sayang
Sira prasetyaku uga ngrenggani tresnaku
Kene tak kudang wong ayu