Lirik Lagu Pujaningsih – Lala Atila

Purwakane pagut netra trus andulu

Nadyan datan andangu

Nanging wus tumekang kalbu

Mbabar pajar pindho slaka binabar

 

Sepisan anjawat kang asta

Kaya kaya wus antuk swarga

Apa iya iki tresna

Tresna kang sanyata

 

Temah agawe kunjana papa

Lunging gadhung hangayun ayun

 

Duh sang mustikaning asmara

Sun kayungyun mring handika

Yen jawata ngelilanana

Bakal tak pundhuh krama

 

Muga kasembadan

Tak jangka srana

Manembah mring sang hyangwidi

Mugio peparing margi

Margi kang waluya jati

Duh duh aduh sang mustikaning asmara

 

Duh sang mustikaning asmara

Sun kayungyun mring handika

Yen jawata ngelilanana

Bakal tak pundhuh krama

 

Tak mulyake pindho prameswari

Mbalung janur, dadya usada kang sayekti

Mbalung janur, dadya usada kang sayekti

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top