Lirik Lagu Nagih Janji 2 – Shinta Arsinta Feat Arya Galih

Cewek,

Rasane, koyo wis ora kuat

Kowe aku anggone urip bebrayan..

Sak bendino, ra ono ketentreman

Rino wengi mung uring uringan..

 

Ati loro, ra tau tak roso

Nanging kowe tansoyo gawe ku gelo..

Ra ono ketentreman, ora ono kasih sayang

Janjimu dhisik wis kok lalekno..

 

Becik’e njur kepiye,

Diteruske opo yo mung cukup semene wae..

Ati loro koyo ngene,

Nanging kowe sethitik ora duwe roso ngesakke..

 

Wis cukup semene wae,

Nggonku urip karo kowe..

Wis cukup semene wae,

Nggonku urip karo kowe..

 

reff:

Cowok,

Mikir opo, talak nganti kok ucapno

Nganti kapan ra bakal aku kabulno..

Aku isih sayang, kowe sing paling tak tresno

Mulo jo gampang ngumbar suworo..

 

Yen salah, aku njaluk ngapuro

Aku ra pingin nggawe atimu loro..

Urip omah-omah, ono congkrah iku lumrah

Nanging kabeh jo marakke bubrah..

 

Aku sih koyo ngene,

Tetep wae tur ugo ora ono perubahane..

Yen amung tembung jare,

Jo percoyo yen kabeh mau durung ono buktine..

 

Sing sabar ojo nesu,

Yen nesu ilang ayumu..

Sing jembar pikir lan atimu,

Ojo gampang panas mergo cemburu..

Ojo gampang panas mergo cemburu..

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top