Rokok klobot weton nggunung
Bot abote Rasane kesrimpet wuyung
Linalitan biso ilang aduh sayang
Wajahmu slalu terbayang
Ning ati tansah kelingan
Arep mangan Rasane koyo ra doyan
Kembang randhu iku pasemone
Yen pethuk dadi tambane
Tumlawung jroning atiku wong bagus
Ngenteni roso tresnamu
Nadyan kalingan samudro
Yen wong tresno mung katon ning moto
Sewu loro sewu bronto
Yen ketaman jolo panahing asmoro
Pamujiku siang klawan dalu
Biso Sumanding sliramu